“Piye ?”
Pitakonku
“Hmmm ...” gayane mikir
Gaya mikire gawe aku mumet, jare arep dolan, padha
mbulet, padha ae. Aku karo bocah lanang sing saiki nang ngarepku wes nduwe
rencana gawe dolan bareng – bareng. Bocah lanang iki pawakane dhuwur kaya
gantar, ganteng yo ra ganteng – ganteng nemen, becik lan santun. Umure padha
kaya aku, ora tuwa. Padha pingin ngerti areke lan jenenge? Mending ojo tau
ngerti, amarga areke iki bakal gawe awakmu kabeh pegel – pegel. Kenalan karo
aku wae, soale aku sing gawe cerkak iki, gurung kenalan bakalang gak tresno
karo aku, haha garing. Jenengku Nadira, isa di celuk Nad. Kenalan wis, saiki
lanjut gawe cerkak maneh.
“Ngene wae ..” jare arek bocah lanang siji iki nang
ngarepku
“Piye
?” jareku rada muntab
“Bar ngene ana KTS (Kegiatan Tengah Semester), mesthine
ana jam gak aktif sak
minggu, piye yen njupuk tekan dino iku wae ?”
panjelasan areke
“Oleh ae ngono iku, aku tak siapkake kabeh barang sing
bakal digawa mengko”
“Nad
?” celuk arek lanang ngarepku
“kepriye?”
pitakonku
“Sidane bakal budhal nandi iki ? bakal plesiran nang
Malang wae ? opo menisan
nang kebun teh ?”
“Lha?
Yo kabeh lah , aku pingin hawa sing adem lan pemandangan lan mangan
nang kutha Malang” Rewelku dhawa
“ Masalahe saiki Nad, wulan – wulane musim udan,
awakdhewe kudu siap jas udan
lan
perlengkapan liane”
“Pokoke ayok budhal, aku pingin banget mlaku – mlaku”
sak njalukku
“Yaweslah gawe awakmu seneng wae, ayo budhal, nanging
aku bakal nyiapne
jas udan”
“Horeeeee, sesok sido budhaaa!!!” senengku
Sesok dinone, Rabu isuk, bocah lanang sing tak tunggoki
teka marani aku sing wes cepak –cepak barang kanggo plesiran. Nggawa barang
akeh numpak motor sisan, hmm plesiran sing lumayan bakal nggawe awak pegel –
pegel.
“ Piye Nad? Wes siap? Nangndi barang – barange, tak
siapno kene nang motormu”
pitakone bocah lanang sing wes cidek suwi
karo aku
“Iki, wes tak siapne”
“wes nggawa jas udanmu?
“aku ora nduwe jas udan masalahe, gurung tuku nang
pasar”
“Yawes, untunge aku nggowo jas udan akeh, aku ngerti
awakmu bakalan ora
nggawa jas udan”
“yeaayy matur suwuun wakhahaha”
“yawes
karepmu wes Nad”
Rasane plesiran budhal nang malang ora suwi banget,
amarga pemandangane saben daerah sing aku karo bocah sing gonceng aku iku apik
– apik lan udarane udara pegunungan sing seger banget. Diitung – itung perjalanan
enek 2 jam ditambahkake nyasar – nyasar nggolek panggon kebun teh sing adoh
tenan. Panggonane kebun teh iku lumayan adoh tenan, enek nang daerah kaki
gunung utawa pas ngisore gunung Arjuno. Singkat ceritane ae, aku karo bocah
lanangku iki keliling – keliling adoh banget lan amba lahane kebun teh.
Ana sekitar 2 jam aku karo deweke ana ing
kebun teh, wes bosen, akhire muleh lan plesir maneh nang kutho Malang. Tujuan
sing pingin dituju sing kesiji yaiku mangan awan. Enek restoran gawe bocah
enom, jenenge Madams Wang. Aku karo bocah sing nggonceng nggoleki panggon iku
karo Google Maps. Ya kaya ngunu wes macet, nyasar – nyasar gak jelas.
“Macet,
ora mlaku – mlaku, enek bis, truk gedhe akeh” cerewetku
“Nad, ojo kakean
cerewet yo, iki dalan gedhe, akeh mobil lan kendaraan gedhe,
butuh konsentrasi sing dhuwu”
“yo
yo aku ngerti kok, tenang wae”
Ana 1 jam tekan Wonosari nang Malang kutho karo bonuse
nyasar – nyasar nggolek panggon sing dituju akhire kapethuk. Madam Wangs sing
panggonane apik banget gawe ngerumpi, dolan lan ngumpul bareng. Mendung wes
peteng banget, arepe udan, akhir langsung kesusu muleh, wedi nang Batu bakalan
longsor.
(wes nang ndalan) “Ayo ndang cepet, mengko kudanan nang
Malang”
“wes tak kandani toh Nad saiki wayahe wulan – wulan
udan, ngeyel terus”
“Loh
loh loh, wes tletik, loh tambah banter, ayok ngiyuup diluk” aku gupuh
“ yayaya ayo ngiyup saiki!!”
Udan
deres banget, digawakne jas udan akeh, masalahe udane karo angin gedhe. Suwi –
suwi udane tambah banter metu banyune, tambah – tambah banyu akeh lan dadi
banjir sak kentol, kebethem ora iso muleh nang arepan toko. 1 jam, 2 jam gak
iso reda – reda udane, akhire nekat nerobos udan lan banjir nang kutha Malang.
“udaaaaaannn
banjiirrr, iki sing pertama gawe aku Nad, ngerti langsung Malang
banjir !!!”
“uwaaahhh
padha, wess ndang fokus nyetir motore, iki awakdewe nyasak banjir ben ndang
cepet muleh nang omah”
Perjalanan
sing mandek amarga kebetheng banjir iso dilewati bareng – bareng, muleh balik
Pare maneh selamat . Matur nuwun bocah lanang sing gelem plesiran karo aku